PRAJURIT
Saben dina anggonmu njaga katentreman
Warga negara sing dadi kuwajibanmu
Senajan Panjenengan kapang kalih kulawarga
Nanging boten nglunturake tekadmu
Ing lamaing kartika eka paksi
Panjenengan ngawula jiwa lan raga
Supaya saged labuh nusa lan bangsa
Ing dinten riyadi Panjenengan
Boten saged ngrayakna
Kalih sanak sedulur
Amargi njagi jalur mudik ing Nagrek kana
Aku pengin ramaku budi kaluhurane
Labuh negara ingkang ikhlas atine
Lan golek urip
Ing dalan Gusti Alloh Kang Maha Agung
Media Lelylia AF
Kl. IXD. SMPN 1 Gondanglegi
Kab. Malang
BASANTA
Cahyamu padhang jingglang ing cakrawala
Dadi kancaku saben wengi
Nambah katentreman ing atiku
Basanta bisa dadi tamba
Rasa kangenku marang Rama
Sing lagi labuh negara
Basanta bakal nerangi galuhku
Sing dhuhkita amarga anggone
Ora ketemu kalih nara sing dadi tresnaku
Cahyane basanta saya ilang
Ninggal dhuhkita ing atiku
Aku kepengin bisa plesiran kalih Ramaku
Bisa nemoni nara sing ana ing khayalku
Basanta ing cakrawala
Aku ngarepake
Kowe gawe kaendahan
Ing atiku
Media Lelylia AF
Kl. IXD. SMPN 1 Gondanglegi
Kab. Malang
REMBULAN
Kowe sirati nirwana saben wengi
Dumilahmu ndadekaken wengi iki ora tau sepi
Nalika kowe nambah tentreme ing jero atiku
Kaendahane cahyane rembulan
Agawe tiyang susah bisa dadi tentrem
Rembulan nggawe prayoga ing cakrawala iki
Saben wengi mesthi miyat kowe
Cahyane rembulan
Saya suwe saya ilang
Angkasa iki saya suwe saya peteng
Tambah agawe bingung ing atiku
Rembulan
Aku kepingin kowe ana ing cedhakku
Gawe nyinari uripku
Erik Tri S. / IXD
SMPN 1 Gondanglegi
Kab. Malang
LUMPUR LAPINDO
Beluk peteng kaya mendhung
Ing tengah-tengah lumpur
Nggawe wong padha bingung
Akeh omah lan wit-witan
Padha klelep amarga lumpur
Lumpur lapindo
Praupanmu kaya samodra
Semburanmu
Saya suwe saya dhuwur
Nambahi sumpeg ing jero ati
Saumpama aku dewa
Aku sumpet lumpur lapindho
Supaya mbiyantu
Kasangsaranipun kurban lapindho
Nanging aku mung manungsa
Bisane mung nyuwun
Ing Gusti Kang Maha Agung
Vicky CH / IXD
SMPN 1 Gondanglegi
Kab. Malang
PITIK
Saben srengenge njedhul
Anggonmu kukuruyuk
Nangekna aku
Yen wayahe bubur turu
Wayah esuk padha mlaku-mlaku
Anggonmu ngisi weteng
Sikil eker-eker
Cucuk manthuk-manthuk
Uga gplek pangan
Kanggo uripmu
Lan ngopeni anakmu
Yen wayah srengenge angslup
Padha baris-baris mulih
Menyang panggonmu urip
Kandhang pitik.
Siska Setyarini / IXD
SMPN 1 Gondanglegi
Kab. Malang
SUMPAH PRASETYAKU
Wong tuwaku kang daktresnani
Iki anakmu tansah memuji
Nyuwun marang Hyang Maha Asih
Supaya dadi anak kang migunani
Wong tuwaku nyambut gawe
Rina wengi nganti dleweran kringete
Ora giris guruh panase srengenge
Kanthi ikhlas jero atine
Cuwane atiku
Tangise batinku
Dleweran eluhku
Ndelengi wong tuwa tuwaku
Mula prasetyaku
Neng pengarepane wong tuwaku
Ngudi ilmu kang luhur
Kanggo sanguning uripku
MARINA / IXD
SMPN 1 Gondanglegi
Kab. Malang
DAHANA
Rektamu apik
Kaya semangate para apsara
Miguna kangge saben uwong
Panasmu bisa kanggo panutan
Nanging
Dahanamu terkadhang nggregetna ati
Mangan omah liwat kabel sing kok liwati
Nganti kari tracake
Kekuwatanmu patut ditiru
Ora gampang mati senajan ana rubeda
Angin gedhe
Dadi saya medeni
Nanging iku sing diseneni
Thathit Yulinda L/ IXA
SMPN 1 Gondanglegi
Kab. Malang
SITORESMI
Pancen paramarta driyamu
Sitoresmi ketok ing wardayaku
Sira anggung manggen ing kalbuku
Saben dina takrantosi
Nanging mung wigatimu bae
Sing taktemoni
Aku bener-bener wuyung
Susah lan udrasa
Saben dina ngadhep aku
Nanging sitoresmi
Sing takkarepna
Ora nate teka-teka
Ing endi sliramu
Sitoresmiku ?
Erine YP / IXD
SMPN 1 Gondanglegi
Kab. Malang
Jumat, 04 Desember 2009
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar